Jenenge enyong Tiyanto, tapi kancaku nang ndesa akeh sing nyeluk enyong nganggo jeneng cilik atawa paraban yakuwe “Jamin”, jeneng Jamin kuwe sebenere ya ana parabane maning tapi mbuh sapa, soale nang brewis wis di urek-urek diganti jeneng. Sing esih kewaca ya Jamin karo sing keri dewek yakuwe Triyanto.
Gemien nek sekolah diceluk Jamin enyong janeh isin, soale keton ndesa banget, apa maning nek kanca STM teka meng ngumah koh ana sing nyeluk “jamin” ya tambah isine.
Barang wis gede beda maning, malahan nyong isin nek kenalan karo CW nganggo jeneng Triyanto, soale biasane kenalanku kuwe takon “anak nomer telu yah?” nyong njawabe madan bingung, soale nyong anak nomer 6 tapi jeneng “TRI” jan lewih ndesa maning, genah ra ngerti arti kiye sing gawe jeneng. Tapi sing gawe jeneng kuwe Mbokeku wektu nyong arep mlebu SD, lha wong nyong esih cilik ya manut bae, ketone Jeneng Triyanto ya lewih modern….. Halah….cilik-cilik koh ngeti modern yah…
Tapi siki genah ijasah, ktp, sim, lan tanda pengenal liane wis nganggo jeneng Triyanto ya tek tetepna jenengku Triyanto.
Siki nyong mranto nang Njakarta, kerja nang Ancol, di panggonna nang Dunia Fantasi, dadi kuli enjinering basa kerenne.
Nyong Manggon nang Cengkareng, wis duwe bojo, anak kembar lanang wadon, sing lair rong taun lewih wolung wulan kepungkur.
Semene disit crita kang nyong nggo ngawiti blog dialek banyumasan, sing rep maca ya ngonoh… kesuwun nek gelem mampir
Nov 15, 2010 @ 21:25:37
ooo dadi kaya kuwe…wis makmur ya kang..deneng padha karo anakku, kembar lanang wadon.
Nov 16, 2010 @ 10:25:58
Salam kenal kang Jamin.
Nov 16, 2010 @ 17:29:37
Wah ngapurane blogge rung kerumat dadi sih moderasi
@Maskur : makmur ? Amin bae lah. iya anake kembar
@Bogelz : Salam Tepang ugi saking kulo, matur suwun sampun ngendong mriki
Nov 17, 2010 @ 15:09:46
nuwun sewu…kumpulan blog banyumasan nang kene
http://basabanyumas.wordpress.com/
Nov 17, 2010 @ 15:14:32
Iya Den… tiliki langsung..
Nov 20, 2010 @ 13:44:15
ngendong kang, tilik sedulur lanang. Maen ya kang, kerjane neng Dufan. jan, selawase urip, urung tau ngambah ngonoh kue….
Nov 20, 2010 @ 16:05:16
@wong : ngeneh ngambah tek suguh kora2 kambi histeria..
Kesuwun wis tilik
Nov 28, 2010 @ 15:47:25
aku sing urung njajal Hysteria karo roller coster koh
Des 07, 2010 @ 16:20:46
sih anyar ngantri…
Okt 11, 2011 @ 01:55:03
salam kenal yo mas….. 😀
Sep 13, 2012 @ 11:36:45
salam kenal kang….
aku ya wong kanding….kye ora sengaja bukak internet ketemu bloge rika
sip sip lah….inyong manggone nang tegal kang
Mei 07, 2013 @ 00:00:24
Hello there, I found your site by way of Google while
looking for a similar topic, your website got here up,
it appears good. I have bookmarked it in my google bookmarks.
Hello there, simply became alert to your blog via Google, and located that it’s really informative. I’m
going to be careful for brussels. I’ll appreciate in the event you continue this in future. A lot of other people might be benefited from your writing. Cheers! creatine reviews body fortress – creatine ethyl ester dosage – Creatine phosphate Muscle creatine side effects men – creatine kidneys and liver – creatine fuel loading drink
Mei 08, 2013 @ 22:16:53
I visited multiple blogs however the audio feature for audio songs existing at this
site is really excellent.
Mei 11, 2013 @ 09:04:37
I’m gone to tell my little brother, that he should also pay a quick visit this website on regular basis to obtain updated from latest news. rippln reviews – Rippln reviews – rippln Mobile
Mei 17, 2013 @ 09:12:39
Greetings! Very useful advice within this article! It is the little changes which will make the largest changes.
Thanks a lot for sharing!
Jun 17, 2013 @ 16:47:24
I take pleasure in, result in I discovered exactly what I was looking for.
You’ve ended my 4 day long hunt! God Bless you man. Have a nice day. Bye
Jul 06, 2013 @ 13:49:47
Nice weblog here! Additionally your website loads up very fast!
What host are you the use of? Can I am getting your associate hyperlink on your host?
I want my website loaded up as fast as yours lol