Upa Nang Bokong

Kulanuwun..

Jaman Nyong sekolah SD gemiyen, yakuwe nang SD Negeri Tanggeran 1, kecamatan Somagede, Kabupaten Banyumas. Gemien langka bocah sing nganggo sepatu alias sing akeh pada nyeker, nyong ya semeno uga, seragam ya seanane, seringe ya lungsuran kang kakange.

Pas munggah kelas 5 nyong kon dadi ketua kelas, lan critane nek upacara ya kon nganggo seragam abang putih uga nganggo sepatu, sepatu sing ngetrend gemien ya sepatu Warrior, sing ana gambare wong manah nang entho-entho, saking ngetope kwe sepatu, akeh sing gawe palsune, nyong termasuk ditukokna palsune karo mboke, kuwe bae anu nitip karo tanggane sing pasar meng magangan (magangan kuwe pasar sokawera, medun kurang lewih patang kilo kang umahku)

Pas upacara aku ya nganggo seragam lengkap, klambi putih dilebokna kathok abang, setriwel putih lan sepatu Warior anyar senajan palsuan.

Barang aku wis ngadeg nang ngarep dadi komandan peleton, bocah nang mburiku yakuwe kanca-kancaku pada jegigisan ngguya ngguyu, aku ya meneng bae ora nylingak mburi, lha wong agi dadi komandan je.

Barang rampung upacarane, batirku ngomong meng nyong, “kuwe bokongmu ana upane “(upa : sega sending), langsung tek gragapi bokongku, tapi ora ana upa, terus tek clingak bae langsung, lha jebule kathok abangku bolong sending, terus klambi putihku sing tek lebokna “menyunyu” kaya upa nang bolongan kathoku…

Batirku barang ngerti langsung gemleger, jegigisan karo ngece guyonan.. asem banget, sompret.. nyong dadi isin pisan.

Kuwe mau crita sending disit, ben blog Banyumasanku ra kothong plong, ngesuk-ngesuk di sambung crita cilikan maning..

Wassalam…

6 Komentar (+add yours?)

  1. Maskur
    Jan 01, 2011 @ 00:30:50

    wakakakakak
    gawene plorodan nang nduwur sekolahan kae mesthi kuwe

    Balas

  2. Maskur
    Jan 01, 2011 @ 00:32:27

    nek sepatu warior aku klebu bocah sing ora melu tren jaman semono……ora tau duwe warior aku

    Balas

  3. Triyanto Banyumasan
    Jan 01, 2011 @ 02:52:55

    iya Den keseringe plorodan..ik…ik… Nek ora nganggo upih
    sepatu palsuku cepet banget jebol

    Balas

  4. Trackback: Magangan « Panginyongan
  5. zainal
    Feb 21, 2014 @ 03:02:10

    wuakaakkkaakk…kuwe kathoke bedah ngarep mburi apa ora ..??
    nek sing ngarep suwek madan akeh kayane yah…?? hahaha

    salam paseduluran..

    eh ana Maskur deneng..weeh ketemu nang kene koh..??

    Balas

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout /  Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout /  Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout /  Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: