Magangan

Kaya sing tek tidokna nang artikelku sing seurunge , Magangan kuwe jeneng lia utawa paraban nggo Pasar Sokawera, Sokawera kuwe tangga desa persis lor desaku, pada dene kecamatan Somagede, Kabupaten Banyumas.

gbr kang kene

 

Di parabi magangan soale nek ana Kol (angkutan pelat ireng merek Mitsubishi ColT pikep) kang nggunung sing nggawa dagangane wong nggunung tekan pasar, senajan urung mandeg mesti wis diadang karo bakul sing arep tuku dagangan, bakul-bakul kiye pada rebutan, kol esih mlaku alon wis pada mlumpat gemanthilan nang mburi, karo takon..” Kiye Petene sapa ?, kiye Jengkole sapa ? “ karo diranggeh-ranggeh, soale nek ra kaya kuwe bisa ora keduman karo bakul liane..

Nek wis meng Magangan rasane kaya meng kota, soale biasa urip nang nggunung sing adoh karo toko-toko sing rame lan mentereng ukuran wektu kuwe. Biasane nyong ngetutna Mboke (celukanku maring beyungku) turut mburi, gemiyen pasare nyebrang prapatan Sokawera, nang kulon nggili (gili : ngarani dalan aspal), siki nek ora salah pindah nang wetang nggili.

Pasar Sokawera kuwe pasar tradisional sing paling perek kang ndesaku, senajan ana pasr liane, yakuwe Bleber karo wijahan, sing kang ndesaku medun ngidul kurang lewih patang kilo kurang nek Bleber, nek Wijahan esih ngidul maning kang Bleber, tapi pasar loro kuwe ora ana kole.

Sebenere Magangan kuwe, nggon medune dagangan seurung pasare persis, pas seurunge prapatan Sokawera, sebab kulina diomongna Magangan, ndadekna Pasar Sokawera arang di celuk alias lewih sering wong ngomong “meng Pasar Sokawera” dadi “meng Magangan”

wis disit… Kelilaaaannn

2 Komentar (+add yours?)

  1. Maskur
    Jan 09, 2011 @ 03:58:42

    nek aku lha ora tau nganggo istilah Magangan

    Balas

  2. Fikri
    Nov 16, 2011 @ 06:32:17

    nang nggone inyong ya ana magangan, tapi adoh karo pasar luh. Jan-jane magangan kuwe arti apa???

    Balas

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout /  Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout /  Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout /  Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: