Kulanuwun lur….
Ketemu maning kiye karo nyong, Jamin alias Triyanto aseli mBanyumas yakuwe bangsa panginyongan, TOPe ya laskar Ngapak 😀 . Mage gendu-gendu rasa nyambi medang clubuk apa nyusur mbako mranggen sing wis seminggu dislesepna waton amben pedangan. (madan muguk kiye telihku 🙂 )
lha dadi kedawan mukadimaeh kiye. Dadi critane kemutan jaman cilik gemiyen, jenenge cah cilik ya gampang dilombo karo sing lewih tua, embuh rama beyunge atawa kakang mbokayune, pokoke sing diomongna karo wong tua nyong gampang percaya. Naaa salah sijine crita apa jal ? Jere nek nakal ngko diwedeni “medi cumplung”. Lha apa kuwe medi cumplung ? Medi kuwe demit atawa dedemit kweh, mbok pada bingung, lha cumplung kuwe klapa garing sing wis ra ana isine, contone sebab esih cengkir ucul kang manggar, ra bosok tapi garing.
lha kwe nduwur conto liane, klapa wis dadi tapi dibrakoti bajing gendhu, suwe-suwe ucul kang manggar, garing. Mudeng ya sing arane cumplung.
Lha medi cumplung si kaya apa ? Nyong dewek rung tau weruh, yakin golokokin mangan riyin mbayar mengkin nek ra percaya takon karo Uwa Lipin … dadi sing jenenge medi cumplung mung nggo wedi-wedi cah cilik sing gambreng kuwe lur.
Gemien jarku ana parikane tapi nyong klalen, kemutanku mburine kwe…
ntong-ntong njaluk maning
Sapa sing kemutan ya tulung ditambaih dewek ngonoh..
Wis disit ya lur, ngesuk ngemben ketemu maning, gendhu gendhu rasa karo nyong, Bangsa Panginyongan alias Brigade ngapak sing ngenger nang Metropolitan dadi basane beyunge dewek mulai klalen, ligate madan sejen, ya mage nulis Banyumasan nggo pangeling-eling, nyong diemutna menawane ana sing salah, njaluk ngapura.
Kelilaaannn
Mar 01, 2013 @ 13:59:26
Lipin apaa Ripin
Mar 01, 2013 @ 16:20:04
uwaku jenenge Uwa Lipin koh Kur.. karangsalam kene kulonku
Mar 02, 2013 @ 03:56:26
Nek kepengin weruh medi ndas cumplung, carane gampang…
nggolet pengilon sing gede, trus deleng penampakane sing nang pengilon kue…
nhaa kue wujude…
😀
Mar 02, 2013 @ 14:40:51