Tempe Wuda

Kulanuwunn…
Nhaaa… ketemu maning lur karo enyong kiye hehehhe Brigade Ngapak… mayuh gendhu-gendhu rasa sinambi medang clubuk apa teh cathut …
Judule jyann marakna kemlecer kiye ya… tapi aja rungseb disit otake rika pada ya hehehehe. Tempe wuda apa kuwe ? Apa anu ra kathokan ? Udu lur lah .. kiye sing jenenge tempe wuda

image

tempe goreng wuda, foto doc: wikipedia

Hehehe.. dadi maksude tempe wuda kuwe, tempe sing digoreng ora nganggo glepung, biasane mung dibumboni tok. Contone, uyah, ketumbar, brambang karo bawang diuleg dibanyoni secukupe. Banjur tempe sing wis diiris-iris kaya gambar kae nduwur dikum sedela terus dicegurna lenga gorwng sing wis umob.

image

tempe mentah, foto doc : Wikipedia

Nek nang Banyumas, kususe nang ndesaku, tempe wuda goreng jenenge GUNDHILAN , aran jeneng sekang pengomongan GUNDHULAN. Mangsud yah lur, dadi tempe plothos ra diglepungi kan gundhul yah. Gundhilan nek go lawuh madang kudune ya ana lawuh liane ben madan klenyis. Nek ra nganggo jangan ya seret.
Wis disit lur… mage disambi gudhilane karo medang teh sepet kayane nylekamin kweh… hehehe ..
Mangga sekabehane, mugi Gusti Allah tansah paring slamet dateng kita sedaya, bregas waras. Amin
Kelilaaan.

9 Komentar (+add yours?)

  1. #99 bro.
    Mar 09, 2013 @ 05:25:35

    awas kliru nyebute..

    Balas

  2. Maskur
    Mar 09, 2013 @ 05:50:28

    aku sarap karo kiye mau

    Balas

  3. Sigit
    Des 23, 2013 @ 03:28:55

    nganggo sambel enak banget kiye

    Balas

  4. zainal
    Feb 21, 2014 @ 03:22:56

    endi wedange …??

    Balas

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout /  Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout /  Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout /  Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: