Apa Marah

Kulanuwun lur…. Yuh mage gendhu-gendhu rasa nang kene karo nyong kiye. Aja diarani salah posting kiye. Pancen judule kuwe kaya kuwe… Apa marah, udu basa Indonesia, udu pitakonan “apa kesuh?”. Udu, udu kuwe sing dimangsud judul.

image

Apa marah nang kene, mangsude kwe bedekan alias cangkriman. Lha deneng kang? Nyong dewek ora mudeng asal basa kuwe. Apa pancen basa asli Banyumas, apa ngutil basa nasional. Pokoken gemien, dong nyong cilik, nek arep bedekan mesti ngomong “apa marah” seurunge bedekan diomongna.
Kuwe anu kenangan (kenangan basa ngapake apa kiye, aduh sompret kiye, nyong klalen) wektu cilik. Nek arep atawa tangi turu, biasane apa marah disit karo kakang-kakangku. Apa dadi sesenthong kang? Halah ora senthong-senthonganlah. Pokoke amben suwung ya pating krusel bareng nang kono.
Nek apa marah. Paling disit sing go bukak kwe, “cape”. Dadi ngomonge “apa marah cape”. Terus rebutan mbedek, seringe ya bareng “Kecap dipé”. Dipé nang kene udu dijaluk kaya basa bandek, tapi dipepe kaya klambi teles. Lha nek klambi dadi garing, lha nek kecap dipé si dadi apa ya lur? Jenenge be bocah, bene baen ben seneng 🙂
Akeh maning apa marah sing nggo gurisan. Ya wis kaya kuwe lur. Ngesuk sambung maning. Dadi apa marah liane, sing dulur ngerti?

————————————–
Posted from WordPress for Android sabak P6200 retak

4 Komentar (+add yours?)

  1. Maskur
    Feb 04, 2014 @ 04:48:48

    bedek2an… eh aku arep kesambat disit lah

    Balas

  2. Maskur
    Feb 05, 2014 @ 02:13:06

    Balas

  3. Trackback: Kayu Tepo Dienyak Ndhengklangi | Panginyongan

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout /  Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout /  Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout /  Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: