Kayu tepo. Ngeti kayu tepo embok lur. Kayu tepo ya kayu sing wis ra kanggo, paling ngho suluh nek garing. Kayu amoh, gampang tugel, gampang remuk merga kena udan panas bola bali.
Lha deneng dienyak bisa ndhengklangi kang? Ngeti dienyak mbok lur? Udu enyak-enyak merga mangan ingkung segluntung. Dienyak kuwe dipidek, jenenge dipidek ya ngangho sikil. Sikile dhengklang.
Kiye cangkriman lur alias bedekan alias APA MARAH.
Dadi pengucape ya ra dipisah.
“Apa marah kayu tepo dienyak ndhengklangi?” Kaya kuwe pitakon bedekane. Lha apa jawabe kang? Jawabe ye TAI ๐ . Ya mbuh tai apa. Bisa tembelek. Ngeti tembelek embok. Tembelek ya tai ayam, mbok klalen rika pada.
Bisa ndhengklangi, merga sing midek tai biasane langsung mlumpat sikil siji, sikil sing midek dijunjung karo ngomong semu kaget semu kesuh “Eee…. Tai..tai taiii asemb kecut!”
Kaya kuwe… ๐
Apa marah apa maning ya? Nek dulur ngerti dieei ngerti nyong ngeneh.
————————————–
Posted from WordPress for Android sabak P6200 retak
Feb 05, 2014 @ 07:12:31
ngelink ahh
Feb 05, 2014 @ 08:01:50
iya sip ben payu banyumasane ๐