Enyong
Jenenge enyong Tiyanto, tapi kancaku nang ndesa akeh sing nyeluk enyong nganggo jeneng cilik atawa paraban yakuwe “Jamin”, jeneng Jamin kuwe sebenere ya ana parabane maning tapi mbuh sapa, soale nang brewis wis di urek-urek diganti jeneng. Sing esih kewaca ya Jamin karo sing keri dewek yakuwe Triyanto.
Gemien nek sekolah diceluk Jamin enyong janeh isin, soale keton ndesa banget, apa maning nek kanca STM teka meng ngumah koh ana sing nyeluk “jamin” ya tambah isine.
Barang wis gede beda maning, malahan nyong isin nek kenalan karo CW nganggo jeneng Triyanto, soale biasane kenalanku kuwe takon “anak nomer telu yah?” nyong njawabe madan bingung, soale nyong anak nomer 6 tapi jeneng “TRI” jan lewih ndesa maning, genah ra ngerti arti kiye sing gawe jeneng. Tapi sing gawe jeneng kuwe Mbokeku wektu nyong arep mlebu SD, lha wong nyong esih cilik ya manut bae, ketone Jeneng Triyanto ya lewih modern….. Halah….cilik-cilik koh ngeti modern yah…
Tapi siki genah ijasah, ktp, sim, lan tanda pengenal liane wis nganggo jeneng Triyanto ya tek tetepna jenengku Triyanto.
Siki nyong mranto nang Njakarta, kerja nang Ancol, di panggonna nang Dunia Fantasi, dadi kuli enjinering basa kerenne.
Nyong Manggon nang Cengkareng, wis duwe bojo, anak kembar lanang wadon, sing lair rong taun lewih wolung wulan kepungkur.
Semene disit crita kang nyong nggo ngawiti blog dialek banyumasan, sing rep maca ya ngonoh… kesuwun nek gelem mampir
Nov 15, 2010 @ 21:52:38
nyong mampir
Nov 16, 2010 @ 17:33:58
Kesuwun Den..