Kulanuwun lur…. Yuh mage gendhu-gendhu rasa nang kene karo nyong kiye. Aja diarani salah posting kiye. Pancen judule kuwe kaya kuwe… Apa marah, udu basa Indonesia, udu pitakonan “apa kesuh?”. Udu, udu kuwe sing dimangsud judul.
Apa marah nang kene, mangsude kwe bedekan alias cangkriman. Lha deneng kang? Nyong dewek ora mudeng asal basa kuwe. Apa pancen basa asli Banyumas, apa ngutil basa nasional. Pokoken gemien, dong nyong cilik, nek arep bedekan mesti ngomong “apa marah” seurunge bedekan diomongna. Lainnya