Kayu Tepo Dienyak Ndhengklangi

image

Kayu tepo. Ngeti kayu tepo embok lur. Kayu tepo ya kayu sing wis ra kanggo, paling ngho suluh nek garing. Kayu amoh, gampang tugel, gampang remuk merga kena udan panas bola bali.
Lha deneng dienyak bisa ndhengklangi kang? Ngeti dienyak mbok lur? Udu enyak-enyak merga mangan ingkung segluntung. Dienyak kuwe dipidek, jenenge dipidek ya ngangho sikil. Sikile dhengklang.
Kiye cangkriman lur alias bedekan alias APA MARAH.
Lainnya

Apa Marah

Kulanuwun lur…. Yuh mage gendhu-gendhu rasa nang kene karo nyong kiye. Aja diarani salah posting kiye. Pancen judule kuwe kaya kuwe… Apa marah, udu basa Indonesia, udu pitakonan “apa kesuh?”. Udu, udu kuwe sing dimangsud judul.

image

Apa marah nang kene, mangsude kwe bedekan alias cangkriman. Lha deneng kang? Nyong dewek ora mudeng asal basa kuwe. Apa pancen basa asli Banyumas, apa ngutil basa nasional. Pokoken gemien, dong nyong cilik, nek arep bedekan mesti ngomong “apa marah” seurunge bedekan diomongna. Lainnya

Tempe Wuda

Kulanuwunn…
Nhaaa… ketemu maning lur karo enyong kiye hehehhe Brigade Ngapak… mayuh gendhu-gendhu rasa sinambi medang clubuk apa teh cathut …
Judule jyann marakna kemlecer kiye ya… tapi aja rungseb disit otake rika pada ya hehehehe. Tempe wuda apa kuwe ? Apa anu ra kathokan ? Udu lur lah .. kiye sing jenenge tempe wuda

image

tempe goreng wuda, foto doc: wikipedia

Lainnya

Medi Cumplung

Kulanuwun lur….
Ketemu maning kiye karo nyong, Jamin alias Triyanto aseli mBanyumas yakuwe bangsa panginyongan, TOPe ya laskar Ngapak 😀 . Mage gendu-gendu rasa nyambi medang clubuk apa nyusur mbako mranggen sing wis seminggu dislesepna waton amben pedangan. (madan muguk kiye telihku 🙂 )
lha dadi kedawan mukadimaeh kiye. Dadi critane kemutan jaman cilik gemiyen, jenenge cah cilik ya gampang dilombo karo sing lewih tua, embuh rama beyunge atawa kakang mbokayune, pokoke sing diomongna karo wong tua nyong gampang percaya. Naaa salah sijine crita apa jal ? Jere nek nakal ngko diwedeni “medi cumplung”. Lha apa kuwe medi cumplung ? Medi kuwe demit atawa dedemit kweh, mbok pada bingung, lha cumplung kuwe klapa garing sing wis ra ana isine, contone sebab esih cengkir ucul kang manggar, ra bosok tapi garing.

image

gambar cumplung (ahsanfile.com)

lha kwe nduwur conto liane, klapa wis dadi tapi dibrakoti bajing gendhu, suwe-suwe ucul kang manggar, garing. Mudeng ya sing arane cumplung.
Lha medi cumplung si kaya apa ? Nyong dewek rung tau weruh, yakin golokokin mangan riyin mbayar mengkin nek ra percaya takon karo Uwa Lipin :mrgreen: … dadi sing jenenge medi cumplung mung nggo wedi-wedi cah cilik sing gambreng kuwe lur.
Gemien jarku ana parikane tapi nyong klalen, kemutanku mburine kwe…

ntong-ntong njaluk maning

Sapa sing kemutan ya tulung ditambaih dewek ngonoh..
Wis disit ya lur, ngesuk ngemben ketemu maning, gendhu gendhu rasa karo nyong, Bangsa Panginyongan alias Brigade ngapak sing ngenger nang Metropolitan dadi basane beyunge dewek mulai klalen, ligate madan sejen, ya mage nulis Banyumasan nggo pangeling-eling, nyong diemutna menawane ana sing salah, njaluk ngapura.
Kelilaaannn

Magangan

Kaya sing tek tidokna nang artikelku sing seurunge , Magangan kuwe jeneng lia utawa paraban nggo Pasar Sokawera, Sokawera kuwe tangga desa persis lor desaku, pada dene kecamatan Somagede, Kabupaten Banyumas.

gbr kang kene

 

Lainnya

Upa Nang Bokong

Kulanuwun..

Jaman Nyong sekolah SD gemiyen, yakuwe nang SD Negeri Tanggeran 1, kecamatan Somagede, Kabupaten Banyumas. Gemien langka bocah sing nganggo sepatu alias sing akeh pada nyeker, nyong ya semeno uga, seragam ya seanane, seringe ya lungsuran kang kakange. Lainnya